Lagu “Wedangan”
Artis “Fu clan”

Wedangan ayo dong Wedangan
Wedangan ayo dong Wedangan
 
Papie slim
Niyate lek-lekan nongkrong sambi jagongan
Guyonan banjur da golek Wedangan
Sing sisih kono lho ngendi ngendi wetan prapatan
Nggon Wedanganeakeh pangananewis cemepak kari milih ning kene
Ngemil bakwan apa blanggreng lentho ugo mendoan
Wis gari njipuk
Yen krasa mathuk
Najan mata ngantuk
Tansah teklak tekluk
Terus kok krasakrasa wetenge kluruk
Langsung njikuk sego kucinge
Karo ngombene
Nyruput wedang jahe
Welha dalah kok krasa penake
 
C-arms
Ojo kaget ning solo Wedangan akeh cacahe
Arep ngiras neng kono opo arep sing ning kene
Sak karepmu sing penting seneng atimu
Ning aja ngganggu kiwa tengenmu sing lagi do turu
 
Chorus
Wedangan ayo dong Wedangan neng wetan prapatan
Wedangan ayo dong Wedangan karo disambi guyonan
Wedangan ayo dong Wedangan aja da pace-pacenan
Wedangan ayo dong Wedangan wuenak tenan
 
Mac denny
Mrene da mrene
Ono ning Wedangane
Crito-crito masalah kahanane
Ono sing guyonan
Ono sing padha gojekan
Kabeh di kupas entek ana ning Wedangan
Sing di critakke ra mung masalah wanita
Politik kriminal opo maneh krisis monco
Sing le crito koyone kok tenanan
Koyo koyo ngerti kabeh kasunyatan
Sing ngrungokke malah do pati ndomblong
Kabeh malah koyo sapi ompong
 
213
Sing do crito nyrocos nganti ra karuan
Kabeh sing neng kene malah di gambar wayang
Saktenane deke gor maca ning koran
Korane bekas nggo buntel panganan
Ningo yo ra popo sing penting ana sing crito
Pancen neng Wedangan suasanane enak tenan
 
Back to chorus
 
Gan
Bakule Wedangan ketok ngguya-ngguyu
Mergo dagangane kabeh do podo payu
 
Macdenny
Ojo ngguya-ngguyu le! iki ono sing tuku
Sing tuku pesene ngombe kopi susu
Karo mangan tahu sing cacahe telu
Lincak ning Wedangan wis ketok podo kebak
Kabeh podo mangan ketok krasa kepenak
Ono sing neng pojok karo disambi udud
Amargo lambene saiki rodo kecut
Ono sing kewaregen nganti ra isoh mlaku
Amargo deweke ngentekke sego pitu
Wengi-wengi nek dolan ning solo ojo wedi luwe
Mergo wong dodol Wedangan iku okeh banget cacahe yowmampir bu
 
Back to chorus

klik disini untuk melihat lirik lagu fu clan yang lain

Disclaimer : Lirik lagu dan chord gitar Wedangan penyanyi “Fu clan” hanya digunakan untuk tujuan pendidikan. jika anda tertarik dengan tembang Wedangan - fu clan silakan membeli kaset, cD, dVD original “Wedangan fu clan”.

Web ini hanya menyediakan lirik lagu wedangan dan tidak menyediakan download lagu wedangan.MP3, wedangan.MP4, wedangan.3GP fu clan, download ringtone wedangan fu clan.

Tag : Fu clan

(will not be published)